Selasa, 15 Maret 2011

Tragedi Kathok Bolong

Iki tenane ra ilok nek arep tak critakke...
Nanging, idep2 nggo pelajaran ae ben ora tak baleni maneh...

Critane ki aku lak kedapuk dadi salah sijine Tim Juri Evaluasi PIK KRR utawa Pusat Informasi lan Konseling Kesehatan Reproduksi Remaja Kabupaten Sleman tingkat Kabupaten...
Nah, salah sijine Unit PIK KRR sing dievaluasi ki lak SMA sing ana nang kecamatanku dhewe...
Otomatis lebar rampung evaluasi tingkat kabupaten banjur ono evaluasi meneh tingkat propinsi, lha gandeng sak kecamatan yo ora kudu dikon we aku ana panggilan nggo ndampingi bocah2 siswa kono sing didapuk dadi pesertane...

Setu wingi dho nganakke kumpulan nggo nyiapke acarane, lha aku diundang kon melu karo bocah2...
Neng kono dho mbahas kepanitiaane karo dho rencana arep refreshing dina Selasa...

Pas dina Selasa mau bocah2 sida arep ngumpul refreshing sisan arep nyiapke apa2 sing isa disiapke nggo acara Evaluasi tingkat Propinsi...
Aku yo melu, soale wes janji arep nganakke games neng sela2ne acara refreshing...
Papan sing dadi tujuane ndilalahe ana neng Agro Wisata Salak Pondok, Kecamatan Turi Sleman sing aku wes tau mara nang kana...

Acara dibukak karo ketua panitiane sing tak sawang ki rupane iseh imut2 banget...he, he...
Tapi, potensine lumayan. Pancen pantes nek dipercaya dadi ketua...
Lebar kui acarane dipasrahke aku kon neruske...
Langsung ae aku cas, cis, cus....
Ning tak rasakke kok ana sing aneh karo bocah2 sing lungguh neng cerakku...
Ana apa iki...
Eeeee.... ra dinyana ana sing muni karo rada nyentak suarane ditambah nunjuk2 neng arah kathokku.... "MAS BOLONG!!"

Huadoh, cilaka tenanan aku...
Lak yo isen tenanan to, coba nek njenengan sing neng posisiku, pie jal...??
Usiiiiiiiiiiiin tenan.....

Ning, buat pembicara profesional (halah...) kayak diriku, itu mah isa diatasi...
Sing bolong2 kui mau langsung ae tak tutupi nggo ngisoran klambi banjur tak teruske ae le cas, cis, cus...

Cukup sepisan ae lah...
Poko'e suk jo nganti koyo ngono meneh...

Pesan Moral :
- PERSIAPAN ITU PENTING...!!
- JANGAN TERBIASA TERBURU - BURU...!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar