Kamis, 08 Maret 2012

SERI PUNAKAWAN MBELING

"RengTrukGongmBuk...!" pambengoke Rama Semar.

Olehe mbengok seru banget nganti otot-otot gulune pating jlantir metu. Sing dikarepake mono ya putra-putrane yakuwi Gareng, Petruk, Bagong lan uga Jeng Ayu Limbuk sing katepakan ana kono.

Ewadene sing dibengoki padha iwut karepe dhewe. Gareng lagi nyekeli blekberi anyar karo iwut pesbukan, Petruk lagi mangan sega sambel terong kiriman seka Hong Kong lan Bagong lagi menthelengi Play Station main game nganti matane mecicil. Dene Jeng Ayu Limbuk kupinge kesumpelan headset, ngrungokake lagune Lady Gaga sing lagi duet karo Justin Beiber nembang "Jangkrik Genggong".

"Yongalah yaaa... yaaa.... Duwe anak wae kok ngakukna usus ta yaaa...yaaa...!" ujare Rama semar karo ngelus-elus dhadhane. Rama Semar mlebu kamar, let sedhela metu maneh.

"RengTrukGongmBuuuk...!" pambengoke Rama Semar saiki kanthi piranti lespeker.