Minggu, 27 Maret 2011

Basa Jawa Wes Arep Ilang

Jaman sakiki ki wes akeh cah enom sing ninggalke basa Jawane.
Isa dititeni neng saben papan nang tanah Jawa...
Cah nome mesti luweh nyaman ngobrol nganggo basa Indonesia...
Nek sing dijak ngobrol ki ana sing radong basa Jawa ki lak yo wajar to...
Lha sing dijak omong ki yo cah Jawa kabeh, tetep ae dho gemang nganggo basa Jawa...
Jare merga wes kulina nganggo basa Indonesia trus basa Jawane ditinggalke...
Saya mengko nek kon ngomong krama inggil, mesti dho blingsatan merga ora dho isa babar blas...

Nah iki dak klumpukke meneh basa jawa sing wes arang dinggo ngobrol...
Mbok menawa para kadang sedaya isa nambahi ana nang komen..
Jian aku matur nuwun buanget wes... :)
Cekidot...!!



1. Sporot = kaos dalem
2. Mojah = kaos kaki
3. Benges / Lipen = lipstik
4. Pupur = bedak
5. Lodong = toples
6. Setut / Cathok = sabuk
7. Tela gantung = pepaya
8. Ongkek / pemean = jemuran
9. Pauwuhan = tempat sampah
10. Pengilon = cermin
11. Sumene = istirahat makan
12. Gigol = jatuh (podo karo tiba, tembung iki aku entuke pas dadi relawan Merapi njagani warga Srunen, Cangkringan)
13. Mendreng = tukang kredit

Tidak ada komentar:

Posting Komentar