Minggu, 30 Januari 2011

Bocah Lugu

UGuru : "Bocah2 sopo sing pengen mlebu suargo?"

Kabeh murid ngacung kabeh karo pating bengok nyaut kanthi rebutan muni, "Kula, kula, Bu!!", kejaba cah 1 sing mung meneng wae.

Guru : "Ngopo kowe kok ra pengen mlebu suargo?"

Murid  : "Lha Simbok kula niku ngaken kula mlebet angkatan je!!"

Matematika Jawa

Ku x Ku = ???
 
Dihitung pake rumus jawa hasilnya = 2, 
x = ping (dalam bahasa jawa)
 
Jadi KuPINGku = ada 2 

NYang belum ngarti bahasa Jawa…ini ada sedikit pengetahuan :)

Sabtu, 29 Januari 2011

Dibalik nama orang Jawa

Dibalik nama-nama pria Jawa sesungguhnya ada harapan tertentu dari
orangtuanya, agar anaknya kelak kalau besar bisa sesuai yang diharapkan.. ..

Contohnya :

Senin, 17 Januari 2011

Muhasabah dino iki

Ana telung perkara sing isa dak jupuk dadi hikmahe klawan apa sing wes dak lakoni sedina iki.

Sepisan : 
Gegayuhan kuwi kudu dibarengi karo ikhtiar ben iso dadi kasunyatan, ora meng pengen awit seka pirang2 kekarepan njur mandeg ora ana tandang gawene merga rasa abot sing dirasakke. Insya Allah menawa yakin karo janjine Gusti Allah bakal ora ono meneh sing kudu dikuatirake. Lan isa uga nek krasa kabotan babagan apa wae ki isa dijajal nganggo cara self hypnotheraphy.

Sabtu, 15 Januari 2011

Dakwah arane KATRESNAN (Dakwah adalah CINTA)


Pancen kaya ngono kuwi dakwah.
Dakwah kuwi katresnan.
Lan katresnan arep mundhut sekabehane seka awakmu.
Nganti pikiranmu.
Nganti anggonmu nggatekke.
Mlaku, lungguh, lan turumu.

Kepara ning sajroning pules anggonmu turu, isi mimpimu ya babagan dakwah.
Babagan umat sing slira tresnani.

Haiya pancen kaya ngono kuwi. 

Selasa, 11 Januari 2011

Buku Ingkang kulo saranaken = Aku Mau Ayah






Buku puniko mratelaken kathah tuladha lare2 ingkang dipun tinggalaken anggenipun ndidik lan paring piwulang bejik saking ramanipun. Kathah poro bapak anggenipun pendhak dintenipun langkung mokokaken anggenipun nyambut damel lan nglalekaken lare2 ingkang kedah dipun dampingi. Adatipun poro bapak maringaken tanggung jawab puniko dhumateng poro ibu kemawon. Kahanan puniko menawi dipun lajengaken teras saged ndadosaken akibat ingkang awon dateng perkembanganipun lare piyambak.
Buku puniko saged dados gambaran dhumateng poro tiyang sepah utaminipun poro bapak pripun prayoginipun paring pendidikan ingkang leres dhumateng lare2nipun supados dodos lare ingkang kita idam2aken.

Tampilan Baru

Alhamdulillah bisa posting lagi.

Di posting kali ini cuman mo kasih tau klo setelah postingan ini bakal ada perubahan.
Perubahannya terutama pada bahasa yang akan ane gunain buat nulis di blog ini.
Ane bakal pake bahasa ibu ane, gan.
Bahasa Jawa tentunya.

Kenapa e, kenapa??