Senin, 17 Januari 2011

Muhasabah dino iki

Ana telung perkara sing isa dak jupuk dadi hikmahe klawan apa sing wes dak lakoni sedina iki.

Sepisan : 
Gegayuhan kuwi kudu dibarengi karo ikhtiar ben iso dadi kasunyatan, ora meng pengen awit seka pirang2 kekarepan njur mandeg ora ana tandang gawene merga rasa abot sing dirasakke. Insya Allah menawa yakin karo janjine Gusti Allah bakal ora ono meneh sing kudu dikuatirake. Lan isa uga nek krasa kabotan babagan apa wae ki isa dijajal nganggo cara self hypnotheraphy.
Carane ambegan sing jero lewat irung banjur ditokke alon2 lewat tutuk kanthi mbatin "Bismillah . . . Iki perkara gampang, aku mesti isa!!"

Kepindho :
Ing atase wektu nunggu kuwi isa dimanpangatke kanggo nambah tilawah, apalan, maca buku, utawa liyane sing penting ora njur ndomblong ra ana gawean. Soale sing jenenge nunggu ki ra kepenak tenan. Sedina kok isa nunggu wong nganti pirang2 jam. Ping pindho neh :)

Ketelu :
Kaya tulisan sing dak tulis sak durunge babagan Dakwah arane Katresnan yo pancen bener. Menawa wes madep mantep neng dalan para pejuang iki, kudu pol2an. Apa2 ki gregete yo kanggo dakwah. Arepa sakiki ki mangsane wes mlebu mihwar mu'asasi, tetep kudu dijaga adab2 Islame. Kayata nglupukake wong lanang karo wong wadon dadi sak panggonan. neng wes wayah surup kepara malah nganti bengi ya kudu ditinggalake. Mestine isa diawekani nggawe acarane ya neng wayah liyane sing luweh lumrah lan luweh aman, khususe kanggo wong wadon sing pancen kudu dijaga tenanan muru'ahe. Mulane ki sebenere mbalik meneh ning niat awale awake dhewe ki kabeh. Sebab, "Innamal a'malu bin niyat". Insya Allah nek niat awale karana Gusti Allah, mesti ana wae dalan kang dituduhake.


Alhamdulillah, muga dino candake isa luweh bejik meneh :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar